Halo kadang Kawiswara…..
(Pustaka Mawi Sastra Jawa lan Aksara)

Raos sokur tansah konjuk dhumateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi awit sedaya perangan wiwit purwa, madya dumugi wasana adicara “KOMPETISI BAHASA DAN SASTRA TAHUN 2025” sageda kalampahan kanthi gangsar.
Mugya saged ndadosaken moncering kabudayan Jawa mliginipun basa kalihan sastra Jawa.

Kompetisi Basa lan Sastra Jawa 2025 menika wujudipun upaya nglestantunaken Basa Jawi ugi kagem pengetan dinten Basa Ibu Internasional.

Ancasipun kagem ngindhakaken kwalitas wonten pilar ngrembakanipun Basa Jawi wonten bebrayan mliginipun wonten Kabupaten Kediri.

Agunging panuwun ugi katur dhumateng sedaya panyengkuyung lan sedaya ingkang kajibah wonten adicara menika.
Sugeng pepanggihan malih ing adicara salajengipun.
Rahayu!

—————————————————————
Email : mgmpbahasajawakabupatenkediri@gmail.com
Instagram : @mgmpbahasajawakabupatenkediri_

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *